Kamis, 06 Oktober 2011

Pidato bahasa Jawa

Pidato bahasa Jawa merupakan sebuah bentuk kecintaan masyarakat Jawa terhadap bahasa ibunya. Bahasa daerah bisa menjadi media untuk meningkatkan kerukunan dalam masyarakat. Jika berpidato bahasa Jawa, suasana kerakyatan begitu kentara. Apa yang akan disampaikan oleh pimpinan dalam pidato bahasa Jawa akan mudah dipahami dan dimaknai oleh masyarakat, khususnya masyarakat Jawa.
Bagaimana sih bentuk dari pidato bahasa Jawa? Apa saja yang ada dalam sebuah naskah pidato bahasa Jawa? Bagaimana membuat pidato bahasa Jawa? Biar Anda tidak penasaran, berikut beberapa cuplikan naskah pidato bahasa Jawa yang bisa Anda pelajari:
Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan penetan dinten Kartini samang-ke punika.
Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya R.A Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk nikala bangsa Indonesia taksih dipuncengtkerem dening bangsa penjajah.
Labuh lebetipun R.A Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-lgngkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipuremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan mejengipun bangsa punika.
Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tasah makantar pindah waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawaniupun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.
Sampun cetha ing panggesangipun bangsa katha wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.
Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.
Sematen saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.
***
Pidato Bahasa Jawa Krama 1
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Allahuma salliala sayyidina Muhammad wa’ala alihi wasohbihi ajmail amma ba’du.
Pembayun-pembayun kawula panjatkan puji syukur kehadirate Allah SWT. Lan ibu rama guru/rama guru kawula ngormati lan rayi-rayine kelas VII-VIII sing kula trensai.
Kawula Jumeneng saiki kanggo ngendika sing sekedap maning kelas IX garep ngadakena perpisahan ngarsa ngadakena lumrah acara sing kawula ngenteni yaiku maos do’a-do’a, maos puisi, dll. Dipun maosaken, rayi-rayi kawula kelas VII-VIII.
Mugi-mugi kaula sedaya sing wonten dipun saiki saged ridha sing Allah SWT. Mewnawi wonten salah kawula mohon maaf.
Wabilahi Taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
***
Pidato Bahasa Jawa Krama 2
Kulo aturaken matur suwun kagem Ibu Ummu Semono ugi kagem Saderek-Saderek sedanten ingkang sudi nyisih aken wedalipun ngrawuhi pidato meniko. Saderek-Saderek…
Asslamuaalaikum Wr. Wb.
Sa’sampunipun Muji Syukur dateng Allah SWT, soho nyuwunaken tambahan Rohmat Keselametan dateng Rosululloh SAW, perlu dipun mengertos bilih buku alit puniko mengku datang pinten pinten contoh pidato engkang kulo susun mawi Basa Jawi supados gampilaken dateng Sederek-Sederek engkang kerso maos. Sohpo konco-konco engang sami nyuwun dipun susunaken Buku Puniko, khususipun konco-konco ingang manggen wonten Tanah Jawi.
Sesuai kalian pengetahuan kulo engkang taksih terbatas. Pramilo tumerap Sederek engang kerso maos Buku puniko terutami poro Alim Ulama menawi memanggihi kesalahan soho kekirangan wonten Buku puniko, kulo suwun supados kerso paring nasehati utawi saran-saran dateng penyusun kangge kesempatan susunan selajengipun lan sa’derengipun ngaturaken matrunuwun.
Engkang terakhir, mugi-mugi buku alit puniko saget mbarokahi lan manfaati kangge penyusun soho Sederek engkang kerso mahos.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
***
Pidato Bahasa Jawa
Assalamualaikum Wr. Wb.
Kulo aturaken matur suwun kagem Ibu Ummu Semono ugi kagem Saderek-Saderk sedanten ingkang sudi nyisih aken wedalipun ngrawuhi pidato meniko.
Saderek-Saderek sedanten…
Minurut pengamatan kalian kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah wargo ingkang kirang menghargai negeri nasionalispun inggih puniko negeri “tercinta” Indonesia. Hal meniko sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang serius…
Saderek-Saderek, kawulo mudho sedaten…
Wonten jaman sakniki sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme! Meniko disebabaken kathah kawulo mudho ingkang ngelalekaen jatidirinipun dados wargo Indonesia sebabipun poro kawulo mudho luwih condong marang pergaulan utawi budoyo-budoyo Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupo: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo luwih seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken regoipun luwih mirah lan kualitasipun luwih sae…
Saderek-Saderek sebongso lan setanah air…
Masalah-masalah meniko saget diicalaken lan saget mbangsulaken taos cinta tanah air negeri “tercinta” Indonesia, menghormati jasanipun poro Pahlawan lan poro Pejuang, tindak dhateng museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan.
Kulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken mugi-mugi saget ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso Nasionalisme kito sedanten.
Matur suwun kulo sampekaken….
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.